CONTOH TEMBANG SINOM
Contoh 1. Mangetan sigra lumampah. Urut pinggiring pesisir. Wiwit king pesisir wus prapti. Sidamulya kang iki. Klebet lorok tlatahipun. Bawur ing sisih wetan. Pesisir Taman raneki. Sanggya karya suka lelangening driya. Contoh 2. Guwa Clangap ing Tulakan. Sudimara Guwa Kambil. Papringan ing Ngadirejo. Somopura tambah malih. Giri Tundha anenggih. Sisih elor Guwo Penthung. Kang manggen ing Tulakan. Jumbuh lan ingkang den rawi. Kang kasusra Pacitan ing Sewu Guwa. Contoh 3. Mangaler pariwisata. Prapteng tlatah Arjosari. Ing sendhang Tirta Husada. Toya anget handayani. Usadaning sesakit. Seger sumyah raosipun. Ing dhusun Karangreja. Siram eca kang sinambi. Anjangsana ngiras ngupaya usada. Contoh 4. Nulada laku utama Tumrape wong tanah Jawi Wong agung ing Ngeksiganda Panembahan Sinopati Kepati amarsudi Sudane hawa lan nepsu Pinepsu tapa brata Tanapi ing siyang ratri Amamangun karyenak tyasing sesama