CONTOH TEMBANG SINOM



Contoh 1.
Mangetan sigra lumampah.
Urut pinggiring pesisir.
Wiwit king pesisir wus prapti.
Sidamulya kang iki.
Klebet lorok tlatahipun.
Bawur ing sisih wetan.
Pesisir Taman raneki.
Sanggya karya suka lelangening driya.

Contoh 2.
Guwa Clangap ing Tulakan.
Sudimara Guwa Kambil.
Papringan ing Ngadirejo.
Somopura tambah malih.
Giri Tundha anenggih.
Sisih elor Guwo Penthung.
Kang manggen ing Tulakan.
Jumbuh lan ingkang den rawi.
Kang kasusra Pacitan ing Sewu Guwa.


Contoh 3.
Mangaler pariwisata.
Prapteng tlatah Arjosari.
Ing sendhang Tirta Husada.
Toya anget handayani.
Usadaning sesakit.
Seger sumyah raosipun.
Ing dhusun Karangreja.
Siram eca kang sinambi.
Anjangsana ngiras ngupaya usada.


Contoh 4.
Nulada laku utama
Tumrape wong tanah Jawi
Wong agung ing Ngeksiganda
Panembahan Sinopati
Kepati amarsudi
Sudane hawa lan nepsu
Pinepsu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amamangun karyenak tyasing sesama

Comments

Popular posts from this blog

REHABILITASI EKONOMI DAN KEBIJAKAN PEMERINTAH ORDE BARU

APLIKASI ADMINISTRASI KEPEGAWAIAN (SIMPEG DAN SAPK)

PERENCANAAN PENGADAAN SARANA DAN PRASARANA